Dolanan Tradisional
Jaman siki bocah-bocah sering dolanan gadget, nek wis kaya kue mesti bisa menimbulkan dampak meng psikologise bocah-bocah sing berpotensi bisa nurunaken kepekaan sosial utawane sadar karo sekelilinge. Nah, dolanan bocah sing dolanan gadget cenderung bersifat individu dan pasif, Apa mesti? Soale bocah kue kur sibuk dolanan dewek, bahkan sing paling aktif gerak rata-rata mung driji tangane...
liane meneng, mripat mentheleng, pikiran sepaneng, gulu gelem ngasi tengeng, ya kue gara-gara kesuen meneng.
Beda karo dolanan jamane nyong cilik, aktif mlayu nganah mlayu ngeneh, kaya sing nang poto kae nduwur agi dolanan dir-diran, dir'e menganah melu mlumpat marani. Ora mung aktif gerake, tapi juga ana unsur kerjasamane karo batir lawan maine.
Manfaate apa sih dolanan jaman gemiyen, kaya bangsane dir-diran, gawe umah-umahan? Lan sak piturute
Maene kue:
- Nglatih anak ben kreatif, penuh imajinasi. Yaaa contone gawe umah-umahan nganggo lemah lembut/wedi di petek-petek nganggo driji, di gawe petak-petak kaya umah urung di payoni, sing jere ruang tamu ya di gawe ana kursi,meja, pokoke lengkap, nek wis rampung kabeh kari di saponi ngasi meling lemah sing di sogi petak-petakan kue, Nyapune nganggo apa? Nganggo kuning-kuning aring rokok kae apalah jenengane? Ya kuelah intine
- Nglatih anak ben jujur Contone ya kaya dir-diran, ngonoh-ngonoha li nek maine curang, ngeyel mesti di suraki, di protes langsung nang batir-batire, mulane kue nek bocah ora kepengin di protes, di suraki nang batir-batire gelem ora gelem kudu jujur, secara tidak langsung bocah juga terlatih dadi anak sing sportif, gelem nrima kekalahan nek batire pancen bener-bener patut sing menang.
Pokoke esih akeh lah sisi positif dolanan jaman gemiyen go mbangun karakter anak. Njenengan-njenengan wis tau cilik kabeh ya wis paham lah ya. Masalahe nek di critakna kabeh, tek tulis kabeh ora rampung sewengi, rong wengi Yaaa cukup sekian.
ditulis : Syif
Dislam